M. Hendri Agustiawan, SH, SA

Selasa, 26 September 2017

Lucu

😀😀😀😀😀
*Ngaji bareng Ustadz Jarkoni (iso ngajar ora iso nglakoni)*

Jam aah ( *J* ) : "Tanya, ustadz, hukumnya menikah dengan teman sekantor itu bagaimana...?"
Ustadz ( *U* ) : "Islam memang membolehkan nikah lebih dari 1, tapi yo ora njur sekantor mbok rabi kabeh, opo kowe ora bingung yen golek jamune...?"

*J* : "Lha kalau nikah sama anak yang masih kuliah pripun, ustadz...?"
*U* : "Boleh, tapi kalo bisa...nikahnya pas sudah pulang kuliah wae, jangan pas di kampus lagi kuliah, ben gak ngganggu dosen karo mahasiswa liyane..."

*J* : "Sekarang kalo adzan banter-banter boleh nggak ya, ustadz...??"
*U* : "Gak cuman saiki, wiwit biyen gak oleh muni banter banter... adzan ki yo takbir, munine "Allahu Akbar" x4 lan sak teruse, ora gembar-gembor muni "banter banter"... ditapuki wong sak kampung kowe mengko..."

*J* : "Terus hukume ndongakne wong mati pripun, tadz..?"
*U* : "Jelas ora oleh... Sing bener ki ndongakne wong dowo umure, lancar rizkine seger kewarasan utowo tetep iman lan taqwa ne... Ojo malah di dongakke mati... lek ngerti wonge di tapuki kowe... Lha kae kang Paimin, kono neng ngarepane ndang dongakke mati... Nek ora di pisuhi mengko...!!!"

*J* : "Hukume salaman bar sholat pripun, ustadz..??"
*U* :"Yo ora popo, wong bar sholat... Bar sholat ki arep nguyuh, ngising yo oleh, sing gak oleh bar sholat terus ijol sandal... koyo kelakuanmu nek jum'atan..."

*J* : "Lha nek sholat sarungan pripun, tadz..???"
*U* : "Batal...lha wong sholat kok sarungan... sing bener ki sarungan dhisik banjur sholat...mulane iku, kowe nek sarungan sing kenceng, ben gak mlorot pas sholat disabuki, opo taleni rafia...!!! ojo koyo cah TK...!!!"

*J* : "Aku takon kok sirahku malah tambah ngelu, ustadz?"
*U* : "Lah sopo sing ngongkon awakmu takon ?"

Tak tambahi :
*J* : Nek wong mati jarene gak boleh di dusi ya ustadz apa bener.. ?!
*U* : Yo wis kawit mbiyen wong mati iku gak entuk  di dusi tapi dipocong nganggo mori. Nek di dusi ngko ndak dikira supermi  kerdusan..!!! 😂🤣

Tidak ada komentar:

Posting Komentar